Senin, 28 Februari 2011

TEMBANG MACAPAT

Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita.
Megatruh.

1.
Aywa pegat ngudia ronging budyayu,
margane suka basuki,
dimen luwar kang kinayun,
kalis ing panggawe sisip,
ingkang taberi prihatos.

(Aja sira leren-leren anggone golek laku kang becik(slamet), dalane seneng lan slamet, supaya bisa kelakon sing digayuh. Kalis saka tindak sing ora bener. Sing sregep prihatin.)
Tegese tembung:
aywa = aja.
pegat = pedhot.
budyayu = budi + ayu = tindak, pikiran sing becik.
marga = dalan
suka = seneng
basuki = slamet.
dimen = kareben
kinayun = kayun + seselan in = dikarepake
sisip = dudu, salah, ora bener.
teberi = sregep.

2.
Ulatana kang nganti bisa kapangguh,
galedhahen kang sayekti,
talitinen aywa kleru,
larasen sajroning ati,
den tumanggap dimen manggon.

(Delengen, golekana nganti bisa ketemu, golekana sing temen, tlitinen aja nganti kleru, rasakna sajroning ati, tanggapa supaya manggon).
Tegese tembung :
ulatana = delengen
kapangguh = kapanggih, ketemu.
larasen = rasakna.
tumanggap = tanggap + seselan um = kena, bisa, ngerti.

3.
Pamanggone aneng pangesthi rahayu,
angayomi ing tyas wening,
eninging ati kang suwung,
nanging sajatine,
isine cipta kang yektos.


(Manggone ana ing pambudidaya becik (slamet), ngayomi ati sing resik, beninge ati sing suwung nanging sejatine isi, isine yaiku cipta sing temen (bener)).
Tegese tembung :
ngesthi = mbudidaya
rahayu = salamet, basuki, wilujeng.
tyas = ati, nala, panggalih, kalbu.
suwung = kosong.
yektos = yekti, temen.

4.
Lakonana kalawan sabaring kalbu,
yen den owah neniwasi,
kasusupan setan gundhul,
ambebedhung nggawa kandhi,
isine rupiyah keton.

(Lakonana kanthi sabaring ati, yen nganti owah bakal tiwas (cilaka), jalaran kalebon setan gundhul, sing nggodha karo nggawa kandhi isine rupiyah lan ringgit).
Tegese tembung :
kalbu = ati
neniwasi = nyilakani
kasusupan = kalebon
ambebedhung = nggodha
kandhi = kanthong saka kain.
keton = dhuwit ringgit. 1 ringgit = 2,5 rupiyah.

5.
Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,
dadi pakuwoning eblis,
klebu mring alam pakewuh,
ewuh pana ninging ati,
temah wuru kabesturon.

(Yen nganti melu sing ora bener, dadi panggonane eblis, mlebu marang papan kang sarwa ribet, ora ngerti marang eninge ati, wusanane mendem ora eling).
Tegese tembung :
Lamun = yen
kongsi = nganti
korup = ka + urup = kalebu.
pakuwon = 1. panggonane kuwu (lurah desa), 2. papan palerenan sauntara.
pana = ngerti temen
wuru = mendem.
kabesturon = ora eling jalaran mendem.

6.
Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,
ayuning tyas ipat kuping,
kinepung panggawe rusuh,
lali pasihaning Gusti,
ginuntingan kaya mernos.

(Ora empan marang tuntunan supaya becik, becike ati mau ngingggati (ilang), banjur dikupengi tindak sing ala, temahan lali marang rahmating Gusti, wusanane rojah-rajeh kayu kerdus diguntingi).
Tegese tembung :
kengguh = keguh, kena, owah, obah, tetep bae. keguh = ka + iguh
pamardi = pangudi, pambudidaya.
pasihaning = asih, tresna, rahmat
mernos = kerdus.

7.
Parandene kabeh kang samya andulu,
ulap kelilipen wedhi,
akeh wong kang padha sujud,
kinira yen Jabarail,
kautus dening Hyang Manon.

(Sanajana mangkono kang sing padha ndeleng, ulap kaya kelilipen wedhi. Akeh wong padha sujud, dikira malaikat Jibril sing diutus dening Gusti Allah).
Tegese tembung :
parandene = suprandene, sanajan mangkono.
andulu = ndeleng.

8.
Yen kang uning marang sejatining kawruh,
kewuhan sajroning ati,
yen tan niru ora arus,
uripe kaesi-esi,
yen nirua dadi asor.

(Yen wong sing weruh sejating ngelmu, dadi kewuhan ing jerone ati, yen ora niru ora diajeni, uripe disiya-siya. Yen niru wusanane dadi asor).
Tegese tembung :
uning = weruh
ora arus = ora diajeni (?)
kaesi-esi = disiya-siya (?)

9.
Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
anggelar sakalir-kalir,
kalamun temen tinemu,
kabegjane anekani,
kamurahaning Hyang Manon.

(Ora percaya marang rahasiane Gusti Allah, sing anggelar samubarang (langit lan bumi), Yen kowe temen-temen mesthi ketemu apa sing digayuh, kabegjan bakal teka, mangkono iku kamurahane Gusti Kang Maha Wikan).
Tegese tembung :
anggelar = ngeblakake, nyiarake, medharake.
sakalir-kalir = samubarang (sing ana ing langit lan bumi)

10.
Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,
yen temen-temen sayekti,
Allah paring pitulung,
nora kurang sandhang bukti,
saciptanira kalakon.

(Minangkani kabeh kang padha nenuwun, yen panyuwun mau temen-temen, Gusti Allah bakal paring pitulungan. Ora bakal kurang sandhang lan pangan. Kabeh pepenginane kelakon).
Tegese tembung :
Anuhoni = an+ tuhu + an + i = minangkani, netepi janji.
sandhang bukti = sandhang pangan.
mukti = ora kurang sandhang pangan.
saciptanira = apa sing dikarepake.

11.
Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,
saka mangunahing Widdhi,
ambuka warananipun,
aling-aling kang ngalingi,
angalingkap temah katon.
(Ki Pujangga menehi pitutur, saka pitulungane Gusti, mbukak aling-aling saengga katara)
Tegese tembung :
sambiwara = bakul
nyambiwara = bakulake, dodolan
mangunah = ma'unah (Arab) = pitulungan.
warana = aling-aling.
angalingkap = mbukak, mbiyak , nyingkap, terbuka.

12.
Para janma sajroning jaman pakewuh,
kasudranira andadi,
daurune saya ndlarung,
keh tyas mirong murang margi,
kasetyan wus ora katon.
(Wong-wong ing jaman pakewuh, candhala (budi ala) sangsaya ndadi, pakartine sing ala tambah ndadi, akeh ati sing nerak aturan, kasetyane ora katon).
Tegese tembung :
janma = wong, nara, manungsa, jalma, menus, manusya.
sudra = asor, candhala.
dauru = rusuh, ora tata, ora tentrem.
ndlarung = kebacut.
mirong = ngibarake, nganggo, nuduhake.
murang = nglanggar, nerak, nasak.
margi = dalan, marga,

13.
Katuwone winawas dhahat matrenyuh,
kenyaming sasmita yekti,
sanityaseng tyas malatkung,
kongas welase kepati,
sulaking jaman prihatos.
(Satemene yen diwawas nrenyuhake banget, dirasakake ana tandha-tandha kang nyata, ati tansah ngrasa sedhih. Ngambar -ngambar banget welase, sorote jaman sangsara ).
Tegese tembung :
katuwone = ka + tuhu + an + e = kanyatane, satemene.
winawas = wawas + seselan in = diwawas, dipikir, dirasakake.
dhahat = banget.
matrenyuh = ma + trenyuh , kanggo ngganepi guru wilangan = nyedhihake.
kenyam = rasa.
sasmita = kode, sandi.
sanityaseng = sanityasa + ing = tansah.
malatkung = trenyuh, sedhih, sengsem (?)
kongas = ngambar-ambar, kawedhar, kawetu.

14.
Waluyane benjing yen wis ana wiku,
memuji ngesthi sawiji,
sabuk lebu lir majenun,
galibedan tudang-tuding,
anachaken sakehing wong.
(Warase yen mbesuk ana pandhita, memuji ngesthi sawiji (1877 ? ), nganggo sabuk lebu kaya wong edan, tansah ngglibed karo tudang-tuding, ngetung sakabehe wong).
Tegese tembung :
waluya = waras, mari, lebar
wiku = pandhita
ngesthi = melengake cipta.
majenun = edan.
anacahken = ngetung.

15.
Iku lagi sirep jaman Kalabendu,
Kalasuba kang gumanti,
wong cilik bisa gumuyu,
nora kurang sandhang bukti,
sedyane kabeh kelakon.
(Iku mau sirepe jaman Kalabendu, banjur ganti jaman Kalasuba. Wong cilik bisa gumuyu, nora kurang sandhang pangan, apa penjaluke kelakon).
Tegese tembung :
sandhang bukti = sandhang pangan.
sedya = karep.
Jaman Kalabendu = jaman nalika akeh wong nandhang sangsara jalaran dibendu dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Jaman Kalasuba = jaman nalika wong-wong ngalami kabungahan (seneng-seneng).

16.
Pandulune Ki Pujangga durung kemput,
mulur lir benang tinarik,
nanging kaseranging umur,
andungkap kasidan jati,
mulih sejatining enggon.
(Pamawase ki Pujangga durung kemput, mulur kaya benang ditarik, nanging jalaran kaserang umur, nyedhaki jaman kalanggengan, bali marang sajatine panggonan (akhirat).
Tegese tembung :
kasidan = sidda = lestari, langgeng, abadi.

17.
Amung kurang wolung ari,
emating pati patitis,
wus katon neng lokil makpul,
angumpul ing madya ari,
amarengi ri Buda Pon.
(Mung kurang wolung dina, pas wektune pati, wis katon ana Lauhil Mahfud, mbarengi ing tengah ari, nuju dina Rebo Pon).
Tegese tembung :
patitis = pas, tepat.

18.
Tanggal kaping lima antarane luhur,
Sela neng taun Jimakir,
Tolu Uma Aryang Jagur,
Sangara winduning pati,
netepi kumpul saenggon.
(Wektune tanggal lima antarane wektu luhur, wulan Sela taun Jimakir, wuku Tolu, Padewan Aryang, Paringkelan Jagur, windu Sangara).

19.
Cinitra ri Buda kaping wolulikur,
Sawal ing taun Jimakir,
candraning warsa pinetung,
nembah muksa pujangga ji,
Ki Pujangga pamit layon.
(Dikarang nalika dina Rebo, tanggal 28, wulan Sawal taun Jimakir, candra sengakale "Nembah muksa pujangga ji (1702) ", ki Pujangga pamit mati).
Tegese tembung:
cinitra = citra + in = dikarang, diripta, dianggit.
candra = 1. rembulan, wulan, sasi, sutengsu, sasadara, sitaresmi. 2. candrasengkala = tetembungan sing ngemu angka taun.
warsa = 1. taun 2. udan. Canthuka warsa = kodhok nalika ing wektu udan.
layon = mati

WAYANG


Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII

1. Jejer ing negari Astina.Prabu Suyudana miyos ing pancaniti. Ingkang sumiwi putra R Lesmana Mandrakumara, Dhahyang Durna, Patih Arya Sangkuni tuwin para Kurawa pepak, R Arya Dursasana, R Kartamamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi.
Ginem : Sang Prabu suyudana angsal wangsiting jawata, dhinawuhan nglampahi puter puja medal saking praja . Dhahyang Drona dhinawuhan andherek, dene Patih Arya Sangkuni dalah para Korawa amung kalilan nguntapaken. Sasampuning dhawuh lajeng kondur angadhaton, Dhahyang Durna andherek srinata. Lajeng bibaran nangkil.

2. Madeg ing gupit Mandragini. Sang padniwara Dewi Banowati lenggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhep Dewi Lesmanawati tuwin para parekan. Risang wara angentosi kondurira srinata ngiras pantes mariksani ajaring bedhaya srimpi. Kasaru konduripun Sang Prabu tuwin Dhahyang Drona, lajeng pinethuk ing garwa miwah putra. Kekanthen asta lajeng binekta lenggah satata tuwin Dhahyang Drona . Sang nata imbal wacana dhateng garwa tuwin putra kawontenanipun ing pasewakan, lajeng tindak pambojanan. Sasampuning bojana lajeng santun busana, lajeng mijil ing jawi, Dhahyang Drona tan kantun.

3. Madeg ing paseban njawi. Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa, R Arya Dursasana, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi, R Arya Jayadrata. Ginem : Anggenipun badhe nguntapaken tindakipun sang nata dhateng wana Krendhayana, denira arsa puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng dhawuh siyaga, para Korawa sampun samekta sami wahana turangga, namung ngentosi miyosipun sang nata, titihanira rata kencana sampun mangarsa. Wiyosipun Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng nitih rata kencana. Lajeng bidhal, ;para Korawa sami kapalan.

4. Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Jayabirawa miyos pandhapi, ingadhep Patih Siwanda tuwin para punggawa ditya sawatawis. Ginem : Sang Prabu miyarsa warta bilih para ratu ing tanah Jawi sami puter puja wonten ing wana Krendhayana . Sang Prabu kersa angresahi denira sami denira puter puja. Sang nata lajeng animbali punggawa siluman, sampun mangarsa ditya Jaramaya, Doramiya. Para ditya seluman sami dhinawuhan angresahi para ratu tanah Jawi denira sami puter puja wonten ing wana Krendhayana. Ditya seluman lajeng sami pangkat, sang nata kondur angadhaton.
Sigeg.
Lampahipun para sata Korawa ing Astina, ingkang sami nguntapaken srinata Astina tindak dhateng wana Krendhayana sareng dumugi ing margi kapapag ditya saking nagari Nungsakambang. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana sami sesimpangan margi.

5. Madeg ing pratapan Wukir Ratawu. Sang Bagawan Abyasa lenggah ing pacrabakan, ingadhep ingkang wayah R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca miwah panakawan tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk tuwin para cantrik. Ginem : Sang Begawan andangu dhateng kang wayah kekalih. Sami matur uninga lelampahanipun para Pandhawa anggenipun muter puja : Sang bagawan Abyasa dhawuh dhateng R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca kadhawuhan sami mantuk, amit rinilan pangkat ingiring panakawan repat tetiga. Sang Begawan lajeng tindak ing pamelengan.

6. Madeg ing wana tarataban. Ditya Jaramaya, Sadumia, Doramiya. Ginem : Anggenipun kautus , gustinipun kadhawuhan angresahi para ratu tanah Jawi ingkang sami puter puja. Mangkana lampahira R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca ingiring Kai Semar, Nalagareng, Petruk saya celak lajeng kapapag ditya tetiga. Pasulayaning rembag dados prang rame. Ditya seluman boten saged pejah lajeng krodha anamakaken muksala. R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca sareng sami kenging kemayan lajeng dados reca. Kyai Semar, Nalagareng , Petruk sami sumerep bendaranipun dados reca lajeng sami mantuk dhateng Madukara nedya atur pariksa.

7. Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Drona , Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng sami amiwiti puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng wangsul mantuk dhateng ing nagari Astina tuwin para kadang Korawa lajeng sami pangkat.

8. Madeg Sang Bagawan Lanowa, satriya atapa bisu. Lajeng kasaru rawuhipun Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Dorna. Sang begawan dinangu kendel datan mangsuli,. Sareng sinerapaken dening Dhahyang Drona matur menggah anggenipun tapa punika perlu napakaken mantu kula nama R Arjuna. Sang Prabu sareng miyarsa aturing sang begawan, Sang Prabu Suyudana langkung krodha. Sang Begawan pinejahan kuwanda muksa, tilar swara angancam benjing prang Bratayudha badhe males. Sang Prabu lajeng andumugekaken anggenipun puter puja.

9.  Madeg ing Madukara. Raden Arjuna lenggah kaliyan ingkang garwa dewi wara Sumbadra tuwin dewi wara Srikandhi. Kasaru dhatengipun Kyai Lurah Semar, Nalagareng, Petruk sarwi tawan-tawan tangis. Dinangu, matur tiwasing putra R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca, sami dados reca wonten wana tarataban. Awit perang kaliyan ditya seluman, lajeng kenging kemayanipun. R Arjuna sareng miyarsa turira Kyai Semar, Arjuna langkung duka arsa ngupadosi ingkang putra. Lajeng pangkat kadherekaken panakawan repat tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk.

10. Sigeg. Ing wana tarataban. Lampahipun R Arjuna kapethukaken dening Sang Hyang Bethari Durga amancala warni pawestri endah kang warni nama Dewi Talimendang. R Arjuna uninga Dewi Talimendang lajeng kasmaran. Sang Dewi dipun ngungrum malajeng, binujung. Sang Dewi babar Sang Hyang Bathari Durga, lajeng paring sabda dhateng R Arjuna kados bantheng. R Arjuna lajeng dados bantheng, nanging meksa ambujung kemawon, sareng enget sumerep wujudipun piyambak lajeng anjetung kendel. Kyai Semar, Nalagareng, Petruk ugi nangis bingung katilapan bendaranipun. Lajeng nedya mantuk, bantheng dhateng ing nagari Dwarawati.

11. Madeg ing nagari Dwarawati. Sang Prabu Kresna miyos ing pandhapi ageng, ingadhep ingkang putra R Samba tuwin R Arya Setyaki. Sowanipun Patih Udawa atur uninga ing njawi wonten bantheng ngamuk. Lajeng kapapagaken sang Prabu Kresna. Bantheng lajeng angrungkebi padanipun ingkang raka Prabu Kresna sarwi akathah-kathah. Sang Prabu lajeng ambiyantu mancala warna dados rare bajang nama Jaka Sungkana, bantheng nama bantheng Andini lajeng tinumpakan. Lajeng pangkat dhateng praja Nungsakambang.



12. Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa miyos ing pandhapi, ingadhep ingkang rayi R Arya Wrekodara , tuwin R Nakula, R Sadewa. Ginem : Sang Prabu arsa puter puja. Sang Prabu Puntadewa dhahwuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara tuwin R Nakula. R Sadewa sami dhinawuhan andherek dhateng ing wana Krendhayana, sampun sami samekta lajeng bidhal.

13. Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa. Wonten ing ngriku sami amanggih reca gajah pethak, ing nalika samanten patilasanipun R Gajahoya. Sri Puntadewa tuwin para rayi lajeng sami amatrap semadi. Boten antawis dangu rawuhipun Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra amaringaken panetepipun agami, utawi tulus anggenipun angratoni ing nuswa Jawi. Tuwin ungguling Bratayuda ing benjing. Sasampuning dhawuh Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra lajeng sami kondur ing kahyangan. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi sami kondur mring Amarta, lajeng bidhalan.

14. Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Birawa miyos ing pandhapi , ingadhep Patih Siwanda. Kasaru rawuhipun Sang Hyang Bathari Durga, sampun lenggah satata. Ginem : Sang Hyang Bathari Durga paring uninga bilih raden Arjuna sirna. Sang Prabu Birawa suka panggalihipun, Sang Hyang Bathari Durga lajeng kondur makayangan. Katungka dhatengipun R Jaka Sungkana anumpak bantheng Andini , wonten ing alun-alun ing Nungsakambang angamuk. Sang Prabu Birawa krodha lajeng medal ing njawi panggih ayun-ayunan prang rame. Patih Siwanda lajeng dados sima gembong, ingaben kaliyan bantheng Andini lajeng babar R Arjuna. Sang Prabu Kresna lajeng angayat cakra, sampun lumepas kenging Prabu Birawa lajeng babar Sang Hyang Kala. Sima gembong kenging lajeng babar Hyang Kalayuwana, lajeng sami muksa dhateng ing kahyangan.

15. Madeg Prabu Kresna tuwin R Arjuna. Ginem : Sasirnaning Sang Hyang Kala lajeng ngupadosi para kadang Pandhawa. Sri Kresna tuwin R Arjuna dumugi ing wana tarataban uninga reca kekalih bagus warnanipun, lajeng pinarepekan. Sareng sampun celak lajeng rinuwat, reca kekalih babar R Arya Gathutkaca tuwin R Angkawijaya. Dinangu, matur purwa madya wasana katur ingkang uwa Sri Kresna tuwin rama R Arjuna. Kang putra kekalih lajeng kadhawuhan andherek kondur dhateng nagari Amarta, lajeng sami bidhal.
Lampahipun Prabu Kresna, R Arjuna tuwin putra R Angkawijaya R Gathutkaca dumugi ing margi kapanggih ingkang rayi Prabu Puntadewa tuwin kang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa . Ginem : Sri Kresna warta-winartan lejeng ingaturan kondur dhateng nagari Amarta , sadaya lajeng bidhal.

16. Madeg ing nagari Astina. Sang Prabu Suyudana miyos ingadhep dhahyang Drona tuwin Patih Arya Sakuni. Ginem : Anggenipun mentas lumampah puter puja tuwin anggenipun mejahi pandhita tapa ingkang boten dosa. Sang Prabu rumaos manggih sesikuning jawata. Sang Nata esmu kaduwung sarta amireng pawartos bilih kadang Pandhawa anggenipun sami lampah puter puja angsal damel. Sri Suyudana lajeng animbali para kadang Korawa. R Arya Dursasana, R Arya Jayadrata, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi sampun sowan, lajeng kinen mangarsa. Sang Prabu dhawuh dhateng R Arya Dursasana sakadangira dhinawuhan angrampit ing praja Amarta. Sami sandika lajeng bidhalan, sang nata lajeng kondur ngadhaton.

17. Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi Prabu Kresna ingadhep para rayi, R Arya Wrekodara, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa tuwin para ;putra santana pepak. Ginem : sang Prabu Puntadewa ngaturaken anggenipun anglampah puter puja nalika wonten Krendhayana. Anggenipun semedi ing ngriku lajeng katurunan Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra andhawuhaken timbalanipun Sang Hyang Girinata. Sri Kresna miyarsa langkung suka ing galih, sang Prabu Kresna ngantos ngaturaken lelampahinipun nalika wonten ing praja Nungsakambang, katur sadaya. Lajeng kasaru gegering njawi dhatengipun para Korawa sami angrampit praja. Sang Prabu Puntadewa dhawuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara dhinawuhan mapag. R Arya Wrekodara lajeng medal njawi, dumugi ing njawi lajeng prang sampak. Para Korawa sami kasor lumajar sar-saran, R Arya Wrekodara lajeng wangsul dhateng pasewakan.

18. Madeg Sang Prabu Puntadewa, Prabu Kresna, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa, R Angkawijaya, R Arya Gathutkaca para kadang Pandhawa pepak, tuwin para putra santana. Sowanipun R Arya Wrekodara ingkang mentas saking yuda, sampun lenggah satata. Lajeng mangun bojana andrawina. Tanceb kayon.

Cêrita Cêkak

Rara Jonggrang
Haryo Wibakso duwe gawe. Nggelar sukuran anggone diangkat dadi pejabat eselon ing papane nyambut gawe.
Ora baen-baen, kanggo nambahi semuwane acara kuwi, Den Haryo, ngono sebutane ana kampung, sengaja nanggap kethoprak kondhang saka tlatah Tulungagung, Jawa Timur.
Jam pitu luwih sethithik tamu-tamu undangane Den Haryo wis wiwit teka, mbrubul kaya laron.
Sanadyan kursi sing disedhiyakake wis lumayan akehe, ewosemono sajak ora ngemot tamu-tamu sing teka ing bengi kuwi.
Sawise suguhane banyu mili lan acara mbaka acara sukuran ditindakake, udakara jam 20.30 pagelaran kethoprak sing bengi kuwi mbabar lakon Rara Jonggrang diwiwiti.
Adegan mbaka adegan lumaku jumbuh pakem. Kahanan kuwi njalari atusan mripat prasasat ora kedhep.
"Jonggrang, aku banget tresna marang sliramu," tembunge Bandung Bandawasa adreng.
"Apa buktine yen sliramu tresna?" wangsulane Jonggrang sajak lelewa.
"Kowe njaluk apa wae mesthi dakturuti."
"Yen sliramu pancen tresna, aku njaluk digawekake candhi sewu jroning wektu sewengi. Sadurunge keprungu jago kluruk, candhi sewu kuwi kudu dadi."
Cekake crita, kegawa gedhening tresna marang Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa banjur mateg aji.
Nedya nyipta candhi sewu sajroning wektu sewengi.
Ewosemomo, krana rekadayane Rara Jonggrang sing pancene kepengin nyabarake upayane Bandung Bandawasa, nganti keprungu jago kluruk, candhi sewu ora bisa kasembadan. Kurang siji.
"Manut petungku wektune durung parak esuk. Nanging geneya wis ana jago kluruk? Iki mesthi ana sing ora beres," pamawase Bandung .
Jonggrang mesem amba.
"Kuwi bener Bandung . Kabeh iki sanyatane rekadayaku, murih sliramu gagal mujudake sewu candhi kaya sing dakjaluk."
"Nanging ora apa-apa Bandung. Sanadyan kurang siji ora dadi apa. Sawise aku ngerti krenteg lan kasetyanmu, aku ora arep cidra ing janji lan saguh nglanggati kekarepanmu."
"Crita Rara Jonggrang kok kaya ngene dadine?!" tembunge Min Kuncung getem-getem nyipati lakon kethoprak sing lagi ditonton.
"Wah, wah, ora genah lakon iki," tembunge Min Kuncung maneh karo bengok-bengok.
"Lakon kok kaya ngono, kon mbubarake wae!" Min Kuncung mbengok sora.
Krungu tembunge wong-wong sing nonton ana dalan sing ora karuwan kuwi njalari para tamu sing lungguh ana kursi undangan sakkal dadi kaget.
Ora ngerti underane prekara. Mbah Sholeh minangka sesepuhe kampung kono sing sekawit lungguh ana kursi undangan, menyat lan banjur tumuju menyang prenahe wong-wong sing lagi pating kresah-kresuh kuwi.
"Ana apa kok sajak ribut-ribut?" pitakone Mbah Sholeh ing ngarepe Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol.
"Kuwi lho Mbah, mosok crita Rara Jonggrang digawe geseh kaya ngono?" semaure Min Kuncung karo cungar-cungir.
Mbah Sholeh nggleges. " Wis , wis , awake dhewe iki rak mung dadi penonton.
Prekara critane arep digawe piye wae rak ya kena-kena ta.
Karo maneh crita Rara Jonggrang kuwi temene rak ya mung crita tutur tinular, sing bener piye ya ora ana sing ngerti tenane.
Wis , wis , becik ditutugake anggone padha nonton," kandhane Mbah Sholeh akeh-akeh.
Ing panggung critane terus lumaku.
Genti saiki tekan adegan Bandung Bandawasa sing sajak lagi kasmaran karo wanita liya.
Rara Jonggrang ketoke semono uga. Atine malah mangro karo sawijining Tumenggung.
Ndeleng crita kaya ngono, Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol bali bengok-bengok maneh.
Ora narimakake yen crita sing dirasa wis apal ing kupinge digawe morak-marik kaya ngono.
Wong telu sing terus muni-muni nyipati lakon kethoprak sing ora genah kuwi njalari wong-wong sakiwa-tengene uga melu kresah-kresuh.
Kabeh sakkal dadi uring-uringan nonton lakon kethoprak sing sajeg jumbleg lagi ditemoni kuwi.
Ing kursi undangan, Mbah Sholeh sing lungguh anteng kaya tamu-tamu liyane satemene uga ngrasakake kahanan ora beres karo lakon kethoprak sing lagi ditonton kuwi.
Nanging nglungguhi dadi jejere wong tuwa lan didadekake sesepuh, dheweke trima meneng, sanadyan atine muni seje.
Ing suwalike gancaring crita kethoprak sing temene gawe ngungune wong akeh kuwi, ing njero omahe Den Haryo uga lagi umyeg dhewe-dhewe. Wong-wong wadon sing lagi padha rewang ing omahe Den Haryo wiwit kresah-kresuh ngrasani sing lagi duwe gawe.
"Ndang, kowe ngerti ora sapa sing dadi paraga Rara Jonggrang kae," pitakone Yu Srining marang Endang sing lagi padha tata-tata panganan.
"Rak ya anggota grup kethoprak kuwi ta," semaure Endang.
"Kleru, Ndang. Manut kabar sruing-sruing sing daktampa, sing dadi paraga Rara Jonggrang kuwi bintang tamu sing sengaja ditekakake lan dipilih Den Haryo."
Endang rada kaget krungu tembung kaya ngono.
"Lho, kok bisa?" tembunge sabanjure.
"Apa bener kuwi?" Lik Ndari sing lagi lap-lap piring melu nrambul gunem.
"Manut rasan-rasane wong-wong, paraga Rara Jonggrang kuwi rak pemain kethoprak saka Solo. Yen ora kleru jenenge Suyati," wangsulane Yu Srining sajak manteb.
Endang lan Lik Ndari manthuk-manthuk, nanging sajak ora dhong.
"Lan yen arep ngerti, Suyati kuwi jare dadi selingkuhane Den Haryo sasuwene iki.
Ya krana kuwi dheweke dikon main ing kethoprak bengi iki."
Ing satengah-tengahe wong-wong wadon sing padha rewang kuwi lagi rasan-rasan, dheweke dikagetake karo jangkahe Den Haryo sing lagi nyedhaki sisihane.
Lan sing ndadekake kagete wong-wong sing padha rewang, sisihane Den Haryo saikine karo mingseg-mingseg, nangis.
"Dadi anggone sampeyan nanggap kethoprak iki duwe tujuwan arep nandhing-nandhingake aku karo paraga Rara Jonggrang kuwi, iya Pak?" tembunge Bu Nur, sisihane Den Haryo, keprungu rada sora kanthi wirama serak.
Embuh apa jalarane, krungu tembunge sisihane sing kaya ngono, Den Haryo sakkal dadi muntap.
"Kowe aja angger omong!" sambunge.
Bu Nur anggone mingseg-mingseg saya keprungu sora. Nanging sajak ora direken dening Den Haryo. Malah sabanjure wong lanang kanthi pawakan gedhe dhuwur kuwi banjur semparet ninggalake sisihane sing lagi nangis, banjur bali ing tengah-tengahe tamu undangan.
Ing panggung kethoprak, babaring lakon sing bengi kuwi ngangkat crita Rara Jonggrang, ndungkap rampung.
Pungkasane crita Rara Jonggrang kepeksa mati krana kerise Bandung Bandawasa.
Semono uga Bandung tiwas dening Tumenggung, simpenane Rara Jonggrang.
"Kethoprak ra mutu!" tembunge Min Kuncung karo muring-muring.
"Bangsat! Merga pokale sing duwe gawe, crita kethoprak bisa digawe sakkarepe dhewe!" tembunge Tino Cebol ora kalah sengite.
Sawetara Mbah Sholeh sing dumadakan ana ing tengah-tengahe wong-wong sing lagi muring-muring nyipati lakon kethoprak ora nggenah kuwi, trima meneng.
Ora menggak lan ora nyalahake Min Kuncung sakancane.
Sebab, ing batin atine ya gumun setaun, ing atase lakon ketoprak kok bisa digawe sakkarepe kaya ngono.
Sawise layar ditutup, tamu-tamu undangane Den Haryo banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Eloke, sawise pagelaran kethoprak sing mbabar lakon Rara Jonggrang, mendhung kandel dumadakan ngemuli kampung kono.
Nyisakake crita seje tumrape Den Haryo lan sisihane.

::Dening: Khoirul Soleh::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

GEGURITAN

KARO AKU


bebarengan sliramu
mecaki dina-dina kebak puspa
lan warna
prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani sore
wewangunan kang awake dhewe gawe sakloron
wis katon endah
sanajan wus ngerti ora bakal dadi
daksawang netramu
angel anggonku nggoleki (nyurasa) pangucapmu
kaya isih kabotan, sliramu
bebarengan ngadhepi dina-dina kang bakal lumaku



WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU



rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen 


Sabtu, 26 Februari 2011

AKSARA JAWA

1. Aksara Carakan
Aksara inti yaiku:
ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga ;



2. Aksara Pasangan
Aksara pasangan, yaiku :
h, n, c, r, k, d, t, s, w, l,
p, dh, j, y, ny, m, g, b, th, ng
;

pasangan

3. Aksara Rekan
Aksara rekan, yaiku : kh, f, dz, gh, z



4. Sandangan